SAWANG SINAWANG URIP KUDU BERSYUKUR
SAWANG SINAWANG URIP KUDU BERSYUKUR Wong Ndeso : Penak dadi wong kota..... opo-opo ono, mall cedak, dalane alus. Wong Kota : Penak piye ? Mangkat kerjo macet, mulih kerjo macet. Malem Ahad macet, tanggal nom macet, parkir rabiso sembarangan lan mesti mbayar. Neng ndeso lalu-lintas lancar, parkir bebas lan gratis. Sing penak dadi tukang parkir .. Tinggal nyadong 2000 ping.. Ora resiko Tukang Parkir ;Penak matamu kwi,sikilku kerep kebonyos knalpot,. Ije penak pedagang Pedagang : Penak apane ? Barang sewarung utangan kabeh, Nek ono suloyone kedunan rego biso2 bangkrut. Penak ki dadi Pegawai Negeri, kabeh-kabeh ngajeni... Ketemu tonggo : Monggo Pak... monggo Bu... Tanggal nom mesti gajian. Pegawai Negeri: Penak apane ? Iyo tanggal nom gajian, tanggal tuwek totalan.... Gajine "jerman" di jejer wis ora uman. Penak kuwi yo dadi Pak Lurah.. Neng endi2 ketemu rakyate... Monggo Pak Lurah !!! Yen jagong manggone ngarep dhewe. ...